Minggu, 09 September 2012

drama b. jawa

TIMUN EMAS
ADEGAN I – Ing Omah
            Ing daerah Antah brantah ana gubug cilik lan sederhana, sing dipanggoni salah siji petani lan bojone, yaiku Pak Karta lan Bu Karta.
            Saknalika, Pak Karta lan Bu Karta jaduman tentang daerah pertanian sing maju gemah ripah loh jinawi, Bu Karta takok……
Bu Karata      : “ Pak, sakiki wis wayahe awake dewe panen pari, timun, lan jagung. “
                         “ Yuh, bungah tenan yen awake dewe. “
Pak Karta      : “ Hssst… “ (nutup lambene Bu Karta ngawe jari telunjuk)
                           “Jo diterusne “
Bu Karta        : “ Maksutku, awake dewe kudu ndandani omah ben ora ambruk. “
Pak Karta      : “ Oh, ngono to maksutmu.. (kisinan) iyo bu ne aku setuju, ngko lak hasil tandurane  awake dewe wis payu lan wis oleh duwit. “
Bu Karta        : (Mantuk - mantuk) “ Iya pak ”
Pak Karta      : “ Bu, sakiki aku arep budal ning sawah karo ndelok kebon jagung e wis bar dipanen po during karo Pak Salam.(saliman karo bu Karta)”
Bu Karta        : “ Yow is pak, ati – ati ning dalan ya, pak ! “
Pak Karta      : “ Aku budhal dhikik bu. “



ADEGAN II – Ing Kebon
            Tiba ing kebun jagung Pak Karta langsung nemoni Pak Salam sing lagi njupuki jagung sing wis bar dipanen.
Pak Karta      : “ Hai, Pak Salam, apa wis bar panen jagung e ? “
Pak Salam     : “ Hey, uwis to pak, kari nglumpukne . “
Pak Karta      : “ Oh, yowis pak, berarti iki kari nenteni di angkut ing kutho. “
Pak Salam     : “ Sakiki awake dewe ngenteni mobil teko, nyambi nunggu piye nak awake dewe adu teka – teki, yen ora bias jawab kudu nyanyi utawa nggendong kancane. “
Pak Karta      : “ Iya, aku setuju, ora wedi. “ (gemregah)
Pak Salam     : “ Aku dhisik ya? “
Pak Karta      : “ Iyo ndang cepet. “
Pak Salam     : “ Barang, barang apa sing dicekel awake, sirah e mkalah mantuk – mantuk karo sirah e ditatapne lemah ? “
Pak Karta      : “ Mesti wong gelut. “
Pak Salam     : “ Salah. ”
Pak Karta      : “ Lha apa ? aku nyerah !!! “
Pak Salam     : “ Wong sing lagi macul, nah dheloken aku ndemek awake, ngko lak sirahe manthuk – manthuk. “
                        “ Nah, kowe sing nggendong aku opo nyanyi ? “
Pak Karta      : “ Oke, sakiki aku sing nggendhong kowe teko kono ya ? “
Pak Salam     : “ Hla… sakiki ganti kowe ngekeki pertanyaan. “
Pak Karta      : Iki susah banget, sak mestine kowe ora iso njawab. “
                         “ Gulune ditekhek, kok malah dadi sueger?? Apa hayo?? “
Pak Salam     : “ Apa kuwi? Kok angel eram. “

Pak Karta      : “ Ya kendi… ndeloken ya, aku nekhek gulune trus glek, glek, glek (ngombe)…. Sueger. “
                        “ Ya to ??? “
Pak Karta      : “wah pic up e wis teko pak.... sampeyan terusne wae nggendong aku utawa nyanyine... oke “
Pak Karta      : “Nggih pun pak mbenjing mawon... sampeyan nerusne gawean  mawon.” ( ninggalake pak salam sing lagi kerja )
Pak Salam     :”nggih ak!!!!”

ADEGAN III
            Sak wis e saka kebon Pak Karta langsung mlih. Sak tekane ning omah….
Bu Karta        : (Mlayu – mlayu ngampiri Pak Karta)
                        “ Pak, mau aku turu, aku ngimpi pak … mimpi nduwe anak nanging ing mimpiku aku dikongkon dunga njaluk anak, trus hla kok ana wong sing nyanggupi ngekeki anak. “
Pak Karta      : “ Bu… bu… iku Cuma ngimpi ae, sak tenane kowe kuwi Cuma pengin ndwe anak, sampek ngimpi barang. “
Bu Karta        : “ Ora pak, aku yakin nek iki tenanan kedadeyan, sak umpama awake dewe sakiki njajal, sapa ngerti enek sing ngrungokne dungane awake dewe, langsung dikabulne. “
Pak Karta      ; “ Kowe kuwi njaluk apa – apa kudu dituruti, tanah yo ngeyel !! “
                        “ Yowes, sakiki awake dewe dunga bareng – bareng ben dungane awake dewe cepet dikabulne. “
Bu Karta        : “ Sakiki awake dewe lungguh bareng – bareng karo ngongo sing banter ben dirungokne sing Maha Kuasa. “ (Ngajak Pak Karta lungguh)
Pak Karta lan
Bu Karta
 
 
                        : “ Wahai para – para bangsa sing ana ing kene rungokne panjalukku… Aku jaluk anak sing ayu, lucu lan menawan. “
Raksasa         : “ Ha...ha...ha..., saiki aku teka kanggo ngawehi hadiah kanggo kowe, nanging enek             syarate, nek anak kuwi wis gede kudu kok kekne aku neh, piye setuju pora? “
Pak Karta                  : “ I.. iya aku setuju apa wae penjalukmu aku gak bakal mblenjangi janji. “
Raksasa         : “ Yowis, aku mesti teko maneh kanggo ngekeki anak wedok koyok seng mbok jaluk.”
                        “ ha...ha...ha...”
Pak Karta      : “ Bu ne, wonge wis ora ana, metuo, mau kuwi sapa kok suarane ghede lan omahe awake            dewe huyak, piye ngko nek saumpama awake dewe ora iso nepati janji, apa awake dewe tumbale bu ne? “ (bingung)
Bu Karta        : “ Kuwi ngko wae mikire, sing penting awake dewe nduwe anak dhisik. “
                         “ Yuh seneng banget nek awake dewe tenanan nduweni anak ya, Pak? “
Pak Karta      : “ Mau aku rasane pengin ndelok bangsa alus mau, nanging aku wedi buk. “
Bu Karta        : “ Ya, padha pak nanging seng pentik sesok awake dhewe ngenteni, apa bangsa alus engke moro maneh ya pak, terus nggawa bayine awake dhewe. “

ADEGAN IV
                 Sesuke raksasa teko maneh lan nggawa bayi, terus raksasa kuwi....
Raksasa         : “ Ha...ha...ha... aku teka padha jadwalku ndek ingi ha...ha...ha... “ (Guyu banter)
                         “ Aku ngawa anak sing ayu kanggo kowe ha...ha...ha... “
Pak Karta      : “ I...iyo matur suwun pak wis ngekeki anak iki. “
Raksasa         : “ Ojo nyeluk aku pak ora cocok celukan kuwi kanggo aku                           ha...ha...ha... “
Pak Karta      : “ Trus, aku nyeluk piye? Mister apa Tuan? “
Raksasa         : “ Mister, rumangsana aku misteri ?!?! “
                         “ Nyeluko aku Rak...sa...sa...! “
Pak Karta      : “ Anak sing kok janjine ndek ingi kok ngawa? “
Raksasa         : “ Ha...ha...ha... ketoke kowe wis ra sabar, ngko lak aku wis muleh, njupuken neng ngarep omahmu, nangging jo lali 3 wulan maneh aku teko njupuk anak kuwi  ha...ha...ha... “
Pak Krata      : ” Bu, raksasa iku wis mulih, saiki awake dewe njuguk anak kuwi neng ngarep omah. “ (marani Bu Karta )
Bu Karta        : “ Ya Pak, anak kuwi ana ning kene?? (gumun)
                
                 Pak Karta lan Bu Karta banjur mlayu nak ngarep omah lan ngerti bayi.. Banjur Bu Karta nggendong bayi kuwi.
Bu Karta        : “ Hem..., ayu banget ya pak? “
Pak Karta      : “ Ya bu, ayu tenan, awake dhewe kudu ndunduhne ning tangga-tangga yen awake dewe nduwe anak wedok seng ayu. “
Bu Karta                    : “ Trus awake dewe ya nduduhne jenenge anak iki ya pak?
Pak Karta      : “ Apa ya ??? ibuk nduwe ide ??? “
Bu Karta        :  “ Piye nak jenenge “Timun Emas” sing artine Timun iso ngowo kesegeran kang wong sing padha ngelak lan emas sing artine ora iso dituku. “
Pak Karta      : “ Jeneng sing apik bu, apa maneh iki wayahe padha panen timun ning desa kene. “

ADEGAN V
                 Pak Karta ora waleh ngingeti, mbandul lan nimang – nimang bayi sing ayu iku, karo wonge guyon – guyon. 3 wulan wis cepet klewat, raksasa teko kanggo ndelok bayi sing dititipne.
Raksasa         : “ Hahaha, aku teka maneh nggoleki anakmu sing tak titipne ning kowe, rasane aku pingin nggawa balik anak kuwi, ha…ha….ha “
Bu Karsa                    : “ Ojo mbok jipuk disik raksasa, bayi iki isik cilik, nek mbok pangan sak mestine mung balunge thok, ora enek rasane. “
Pak Karta lan
Bu Karta
 
Raksasa         : “ Bener omonganmu, dadi kapan aku isa nggawa bayi iku maneh ? “
                        : “ 9 tahun eneh tekaa rene gawa anak iki “
Raksasa         : “ ha…ha…ha kowe tanah pinter, ha…ha…ha iku lagi panganan sing enak kanggoku, aku pesen wenehana panganan sing akeh ben anak kuwi gedhe lan wareg dipangan, ha…ha…ha “
Pak Karta      : “ Iyo, aku gelem ngopeni ben anak iki ora lara lan cepet gedhe. “
Raksasa         : “ Oke, aku teka maneh padha janjimu”
                        “ ha…ha…ha tak tunggu 9 taun maneh “ (ngalih ninggalake Pak Karta lan Bu Karta)
Pak Karta      : “ Bu ne, awit sakiki awake dewe kudu waspada aja nganti anake dhewe iki dijupuk karo raksasa pas awake dhewe ora ngerti. “ (mendelengi  bu karta)
Bu Karta                    : “ Bener pak, awit sakiki anake dhewe ora oleh dolan adoh – adoh saka omah, ben awake dhewe iso ngawasi. “

ADEGAN VI
                 6 taun wis dilewati Timun Mas bareng wong tuane. Sakiki wis wayah e Timun Mas dolan karo kanca – kancane….
Timun Mas   : “ Ayo cah, sakiki awake dewe dolan ABC ya?? Ayo min, goleko krikil ya ? “
Mimin            : “ Iyo mun, ki aku golek wise. “
                        “ krikil e 2, cuwilane 3 tho ? “
Timun Mas   : “Iyo min, pinter tenan kowe. Jane anak e sapa tho kie ? “
Mimin            : “ Hualah, mun tiimun, masak lali tho ? “
                        “ Tanggane dhewe kok lali to mun timun…. Tanah yo gaya… “
Timun Mas   : “ Ha…ha , aku ki nglali min. “
Mimin            :  “ Ngko lak lali tenan piye ? “
Timun Mas   : “ Lho ??? aja to min, dungamu elek eram !! “
Mimin            : “ Sepurane to mun, he…he…he “
Timun Mas   : “ Iyo – iyo gak papa. “
Bu Karta                    : “ Mumun, ayo mulih wis surup, lank owe ndang adus ya min !!! “
Mimin            : “ Nggeh, be ne. “
Timun Mas   : “ Nggih bu, ayo min muleh. “
Mimin            : “ Yowes tak mulih kek ya… “
Timun Mas   : “ Ati – ati ya… “

ADEGAN VII
                 Timun Mas pancen anak sing manut lan patuh marang wong tuwa. Timun Mas gakdiolehne dolan adoh – adoh ben ora dijupuk raksasa..
                 Pas, Timun Mas diajak omong karo wong tuwane.....
Bu Karta                    : “ Mun kowe sakiki wis gedhe, sak mestine kowe kudu ngerti asal – usulmu lank owe kudu ngerti apa sing perlu kok lakok ake. “
Timun Mas   : “ Nggih bu, aku mesthi nderek nasehatipun ibu. “
Bu Karta                    : “ Ngene ya mun, 6 taun kepungkur ibu lan bapakmu njaluk anak sing ayu, trus ana raksasa ngenehi anak bayi yaiku kowe, kanggo tak openi lan tak gedhekne. “ (ambegan sitik)
                        “ Trus ngko nek kowe wis gedhe kudu diserahne mbalik ning raksasa kanggo….. “ (nangis lan netesne luh)
Timun Mas   : “ Ajeng dipangan maksutipun ibu??? “ (sedih)
Bu Karta                    : “ Yam un…. Nanging bapak lan ibu rat ego nek kowe dadi panganan raksasa kuwi. “
“ Makane, kowe tak wenehi ngerti ben kowe isa siap – siap kanggo ngindari raksasa. “ (ijik nangis)
Timun Mas   : “ Nggih bu, sakniki kulo sampun ngertos lan mboten dolan tebih maleh, supaya raksasa mboten nangkep kula. “ (karo ngrangkul Bu Karta)
Bu Karta                    : “ Kowe bener mun.” (ngeculne rangkulane Timun Mas)
                        “ Sakiki mangan dhisik ya nduk !!! “
Timun Mas   : Nggih bu… “

ADEGAN VIII
                 Gak kerasa umur Timun Mas wis 9 taun. Wis wayahe Bu Karta lan Pak Karta ngadepi Raksasa.
                 Lan sakiki Raksasa teka, amarga omahe wis pada goncang kabeh.....
Raksasa         : “ Ha…ha…ha aku teko maneh. “
Pak Karta                  : “ Bu, anake dhewe neng endi ??? cepet didelikno !!! “ (bingung lan metu saka omah)
Raksasa         : “ Ha…ha, tibake kowe berkhianat nak aku….. “
                        “ Ayo nang ndi anakmu ??? “
Pak Karta                  : “ I…. iyo, aku nyeluk annnaaakkku ddhhhhiiikik. “
                        “ Buuuu…ibu…..
(ing jero rumah)
Bu  Karta                   : “ Mun, sakiki kowe kudu awit mlayu ko omah iki. “
                        “ Mlayuo lewat lawang mburi supaya kowe ora kekunci, sebarno siji – siji barang sing wis ibu lebokne nak kantong iki. “
                        “ Nak kene enek isi timun, eri, uyah lan terasi “
Timun Mas   : “ Injih bu, kendikanipun ibu kulo laksanaken. “
Bu Karta                    : “ Nah, sakiki kowe ndang mlayu selak buta mbranggas karo bapakmu !!! “
(ing ngarep  rumah)
Raksasa         : “ Endi anakmu sing tak titipne, aku wis luwe. “
( Bu Karta metu ing ngarepan )
Bu Karta                    : “ Kepriye aku wae sing ngijoli anakku ??? “
Raksasa         : “ Ora iso, dagingmu mesti atos lan alot mergo kowe wis tuwo kanggo dipangan. “
(saka adoh Timun Masnyeluk Raksasa )
Pak Karta lan
Bu Karta
 
Timun Mas   : “ Raksasa, iki aku ndek kene, candakken aku lak kowe iso. “
                        : “ Mlayu o nduk !!! “
Raksasa         : “ Kurang ajar kowe wis njarak aku, awas lak kowe kecekel mesti langsung tak pangan… ha…ha….ha…. “
Timun Mas   : “ Ayo, cekelen aku !!! “ ( karo mlayu)
                         Nek kowe luwe, iki tak wenehi panganan. “
                        ( karo nguncalne isi timun marang raksasa )
Raksasa         : “ Lha iki, panganan sing seger... “ ( mangan timun )
                        “ Endi daginge ???? rasane gak enak lak gak ono daginge “
                        “ Loh endhi timun mas engke ??? kok ngilang ??? oh kae… tibakne wong e wis adoh “
Timun Mas   : “ Ha…. Raksasa wis cedhak, luwih becik gawanankku ke loro tak uncalne ben ora kecandak” ( nguncal eri iwak )
Raksasa         : “ Ha…. Tibake dalan iki wis malih dalan sing akeh eri sing landep… “
                                    “ Huh…. Aku kudu mlaku ati – ati supaya kulitku ora ketujeb eri. “
                        (Raksasa ngidek  )
                        “ Huh… sikilku loro eram…hwa…hwa “ ( Neratap )
Timun Mas   : “ Rasakno, he…he…he Raksasan makane sakdurunge kowe mangan aku, idaken dhisik eri sing tak wenehi iki. “
                        “ ets, wis cedhak, sakiki gawananku sing ketelu, kowe kudu ngerasakne. “
                        “ Iki uyah kanggo kowe. “ ( Karo nguncalne uyah sing digowo )
Raksasa         : “ Hem… aku sakiki dijarak karo bocah cilik ….. ha…ha apa iki sing nak ngarepku??? “
                        “ Hem… tibaknesegara sing amba banget…. Aku tetep iso nggodak kowe, Timun mas, enteni aku…. Aja sampek ninggalne aku…. Jo mlayu bocah cilik!!”
Timun Mas               : “ Ah… tibakne raksasa iku isih bias nggedhak aku, aku kudu tetep ngindar.”
                        “ Nanging gawananku karek siji, mugo – mugo sing terakhir iki isa ndadekake raksasa iku musna ben ora iso nggodak aku. “
Raksasa         : “ Hem….rasane aku bias nyekel kowe, Timun mas…. Ha…ha “ (guyu banter)
                        “ Kowe wis ke entekan tenaga yo, Timun Mas???? Apo maneh sing arep mbok uncalne aku, cah ayu ???”
                        “ Kowe mesti ketangkep cah ayu, ayo nyedhako ha…ha…ha….”
Timun Mas   : “ Tibakno kowe uler yo, raksasa??? Sakiki trimanen terasiku…. “
                        (karo nguncalne terasi neng raksasa sing brengas iku)
Raksasa         : “Barang iku wis ora ono gunane Timun Mas, luwih becik kowe nyerah wae timbang kowe kekeselen. “
                        “ Hah…tibake kowe kekurung ing segara endut, rasane aku wis ora sanggup mlaku. “
                        “ aww sikilku ora iso tak angkat maneh”
                        “ Tulung !!! awakku mlbu nak endut sing jero…. Tulung aku Timun Mas….”
                                    (raksasa bengak-bengok)
              Timun Mas … aku ora sido mangan kowe yen kowe gelem nulung aku !!”
            ” Tulung… Tulung…. Tulung… “ ( Raksasa Mati )
Timun Mas   : “ Hem…. Mati kan kowe, raksasa sing brengah . “
                        “ Aku kudu mulih lan ngelaporne marang iu             bapak lan ibuku nek aku wis kasil mateni raksasa sing ala iku “

Akhire Timun Mas iso mbinasakake raksasa karo sangu sing digowo saka ibune. Manut karo pitutur wong tuwo ampuh kanggo ngalahake lan iso ngeraih kabeh sing dicita – citake. Kemenangan Timun Mas sampe krungu ing saben plosok wilayah kerajaan. Sampek akhire sang raja nduwe kekarepan kanggo njodohke karo putrane. Lan Timun Mas urip bareng pangeran sakteruse.







Unsur Instrinsik
Paraga :
1.     Timun Emas  : Felesia Eka Faya
2.     Pak Karta       : Arief Y
3.     Bu Karta         : Fitria A
4.     Pak Salam      : Alfian Eko N
5.     Raksasa          : Adityar C
6.     Mimin             : Cahyanti D
7.     Narator          :Dian B S


Setting Panggonan:
1.     Ing Omah
2.     Ing Kebon
3.     Ngarep omah
4.     Alas
5.     Sawah


Setting wektu:
·        Isuk
·        awan
·        sore
·        bengi



Setting suasana / kahanan :
1.     Bungah 
2.     Kuatir
3.     Bingung
4.     Sedih
5.     Nyeremake

Watak paraga :
·        Timun Emas            
·        : miturut marang wong tua, sabar,sregep, manut
·        Pak Karta                  : sabar,wibawa
·        Bu Karta                    : sabar, pengasih
·        Pak Salam                 : sabar, humor
·        Raksasa                     : brenggas, asor, grusa-grusu
·        Mimin                        : sregep, humor
·        Narator                     :Dian B S

Amanat : Manut karo pitutur wong tuwo ampuh kanggo ngalahake lan iso ngeraih kabeh sing dicita – citake.






 


Kata Pengantar
Puji Syukur Dhumateng Gusti ALLAH Ingkang sampun amuberaken Rahmat sarta Hidayah supados kita saking kelompok 6 saged ngrampungaken tugas makalah bahasa jawa ingkang nggadahi judul “Naskah Drama Timun Emas”.Makalah menika yaiku tugas ingkang dipun paringi saking Bu.Zulaikha kagem ngrampungaken bab drama lan ujian praktek menika.
Kita sadar menawi makalah menika taksih nggadahi kekurangan mula saka menika kita purun nampi pesen – pesen ingkang saged nyempurnaaken isi makalah menika,mula kita nyuwun agunging samudra pangaksami lan mugi-mugi makalah menika saged nambah wawasan lan bermanfaat kalian pembaca.

                                                                                                                        Hormat Kita

                                                                                                                             Penulis